Selasa, 23 Februari 2010

TUGAS KELAS VII

1.Gawea ukara lamba 5 bae mawa basa ngoko lugu !

2.Gawea ukara camboran kang kedadeane saka rong pola ukara 5 bae !

3.Gawea ukara camboran kang kedadeane saka telung pola ukara 5 bae !

UKARA LAMBA LAN UKARA CAMBORAN

UKARA LAMBA

Ukara lamba yaiku ukara kang kedadeane saka sapola ukara [jejer,wasesa lan lesane mung siji ].
Tuladhane:- Anto mangan .
- Tuti nyapu latar.
- Toni bal-balan.lsp.

UKARA CAMBORAN

Ukara camboran yaiku ukara kang kedadeane saka rong pola ukara utawa luwih mawa tandha koma lan tembung panggandheng.Dene tembung panggandheng iku werna-werna antarane;lan,karo,dene,apadene,supaya,amarga,jalaran,sebab,nanging,mula,mulane,nalika,rikala,lsp
Tuladha ukara camboran kang kedadeane saka rong pola ukara:
- Doni bal-balan ing lapangan.
-Tarjo dolanan ing sawah.
-Doni bal-balan ing lapangan dene Tarjo dolanan ing sawah.
-Nani mangan bakso.
-Tini mangan soto.
-Nani mangan bakso nanging Tini mangan soto.lsp.
Tuladhane ukara camboran kang kedadeane saka telung pola ukara:
-Dani gawe rujak.
-Rari gawe roti.
-Riri gawe mendho.
-Dani gawe rujak,Rari roti lan Riri gawe mendho.
-Marni nyapu latar.
-Noni nyapu jogan.
-Rindhi ngepel.
-Marni nyapu latar,Noni jogan nanging Rindhi ngepel.lsp.
..
.


Selasa, 02 Februari 2010

GEGURITAN

GEGURITAN
Geguritan iku karya sastra kang awujud pada-pada/bait-bait.
Geguritan iku kaperang dadi 2 [loro] yaiku :
1. Geguritan gagrag lawas / kuna.
Geguritan gagrag lawas / kuna iku geguritan kang isih kaiket ing wewaton[guru gatra,guru wi
langan,guru lagu],kaendahane ana ing tembunge/diksine,migunakake purwokanthi.
2. Geguritan gagrag anyar.
Geguritan gagrag anyar iku geguritan kang wis ora kaiket ing wewaton[guru gatra,guru wilang
an,guru lagu],kaendahane ana ing tegesing tembung/diksine lan nengenake bab isi.
Tuladhane :
KEMBANG KUNING

Sajroning taman
Mung ana sepi
Sepi ing ati,sepi ing swasana
Bangku werna coklat tuwa meneng
Kembang kuning tansah anteng
Swara angin nambahi angleng
Kembang kuning
Endahmu merak ati
Apa kowe ngerti sepiku?
Tak tinggal ya?
Entenana !
Sesuk aku nyang taman iki
Aja lunga.

Minggu, 31 Januari 2010

TUGAS KELAS VII

GARAPEN SOAL-SOAL ING NGISOR IKI NGANGGO BASA KRAMA !

1.Tulisen carane kowe mertamu marang daleme Pak Lurah,saperlu arep nganakake kegiatan/ngadhepi pengetan pitulasan !

2.Apa bae sing perlu digatekake kanggone arep mertamu kuwi?sebutana !